Tuesday, December 18, 2012

1 Legenda Aksara Jawa

Aksara Hanacaraka dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan sing unine ha na ca ra ka. Cacahe aksara jawa nglegena ana 20, dene babone aksara jawa iku aksara Brahmi sing asale saka Hindustan.
Aksara jawakagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara.
LEGENDA ASAL AKSARA HANACARAKA
Urutan aksara iki kaya mangkene:
       ha    na     ca    ra    ka         tegese ana utusane
      da     ta      sa   wa    la          tegese padha regejegan
      pa    dha    ja    ya    nya        tegese padha digdayane
      ma    ga     ba   tha   nga        tegese padha dadi bathang
Urutan iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka tanah Hindustan menyang tanah Jawa. Banjur Aji saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong punakawane sing setya nganti mati: Dora lan Sembada. Loro-lorone mati merga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang Aji. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Dene asal-usule aksara jawa ing tanah jawa iki mangkene:
Aksara jawa babone aksara Brahmi, sing asale saka Brahmi (Hindustan). Ing India akeh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa saka India sisih kidul. Diarani Pallawa iku manut jenenge salah siji kraton ing India kidul yaiku Kerajaan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakake kira-kira abad 4 M. Aksara Pallawa iki dadi babone kabeh aksara Nusantara antarane aksara Hanacaraka, aksara Rencong (aksara Kaganga), aksara Makasar lan aksara Baybayin (Filipina).

1 comments:

  1. Lucky Club - Casino Site
    Lucky Club is a casino and gambling company, located in luckyclub.live Tuscany, Louisiana. It is licensed by the Louisiana Gaming Commission and is currently in its  Rating: 4.7 · ‎12 votes · ‎Price range: $$

    ReplyDelete

 

Tips-Tips Copyright © 2011 - |- Template created by O Pregador - |- Powered by Blogger Templates